Wang Zhaojun
Wang Qiang kang kondhang kanthi jeneng Wang Zhaojun (Hanzi: 王昭君) yaiku sawijining wanita ayu saka patang wanita ayu Tiongkok.[1][2] Kandhane ayune bisa nyeblokake banyak-banyak kang lagi mabur.[3]. Kulawarane manggon ana ing panggonan kang saiku ana ing kabupatèn Xingshan, provinsi Hubei ing tlatah kidul kraton Han barat.[4][5] Lelungane ana ing Xiongnu, dhèwèké uga dikenel nggango jaket wulu sinambi metik piranti musik pipa lan nunggang keledai.[5] Gambaran iki kang identik karo Wang Zhaojun.[5]
Riwayat
[besut | besut sumber]Dadi selir Kaisar Yuan
[besut | besut sumber]Ing taun 38 M, Kaisar Yuandi ngetokaké maklumat kamaharajan kanggo ngundang prawan-prawan cantik saka kabèh nagara supaya teka ana ing pura.[6] Rong taun candhaké, sakiwa-tengené taun 40 M, Wang Zhaojun diceluk supaya lumebu harem pura saperlu nglayani kaisar Yuan (Liu Shi) minangka selir.[3][4][6] Nalika ana ing pura, Wang Zhaojun ora tau dilayani (gayutan sèksual) déning kaisar.[4] Kabèh mau amarga kaisar kang milih selir kanthi deleng lukisane seniman Mao Yanshuo.[4][6] Wang Zhaojun ora gelem nyogok pelukis pura iku supaya nglukis ayu, mula si pelukis nglukis kanthi èlèk.[4][6] Akibate kaisar ngira yèn Wang Zhaojun yaiku wanita èlèk.[4][6]
Piranti perdamaian Han Kulon karo Xiongnu Wétan
[besut | besut sumber]Ing jaman iki kedadeyan konflik antarané karajan Han kulon karo suku Xiongnu (mligi Xiongnu barat).[3][4] Sawijinin dina nalika pemimpin Xiongnu kidul kang bersekuthu karo Han, Huhanye, teka kaping telune Chang'an ing acara kunjungan penghormatan.[3][4] Banjur Huhanye jaluk supaya dhèwèké bisa dadi mantu kamaharajan.[3][4] Panjalukane mau ora kasil, nanging Huhanye diwènèhi kompensasi wujud selir-selir kaisar (mligi kang ora dikunjungi kaisar).[3][4] Wang Zhaojun yaiku salah sawijining wong-wong mau kang diwènèhake marang Huhanye.[3][4][5]
Ditulisake ing Hou Han Shu, Wang Zhaojun kanthi sukarela nunjuk awake dhéwé supaya dikirim ing Xiongnu amarga dhèwèké kuciwa ngenteni.[3][4][6] Banjur, kaisar Yuan kang lagi pisanan ketemu karo Wang Zhaojun dadi gumun karo ayune lan getun banget. Dhèwèké uga arep nimbangake manèh putusan kanggo menehake Wang Zhaojun marang Huhanye.[3][4] Nangin pungkasane kaisar Yuan ngrilakake Wang Zhaojun demi persekuthuan Han lan Xiongnu.[3][4]
Banjur Wang Zhaojun dadi selir kesayangan Huhanye lan nglairaké rong pangeran lan siji putri.[4][5] Sawisé Huhanye tinggal donya, Wang Zhaojun jaluk supaya bisa bali ing Cina dharatan, nanging panjaluke ditolak déning kaisar Cheng (Liu Ao).[4] Kaisar Cheng malah mrintahake supaya dhèwèké mèlu tradisi Xiongnu supaya bisa kawin karo pemimpin Xiongnu candhaké, anak Huhanye kang tuwa dhéwé.[4][5] Ing kawinane kang kaping loro, dhèwèké nglairaké anak wadon loro.[4] Wang Zhaojun uga bantu Huhanye ngrembakakake kraton Xiongnu, mula wong Xiongnu ngrmati banget Wang Zhaojun.[5]
Ing legenda, dicritakake sawisé panjaluke ditolak déning kaisar Cheng, Wang Zhaojun bunuh diri minangka upaya kanggo nolak kawin manèh karo anaké dhéwé.[4]
Amarga Wang Zhaojun, sakiwa-tengené 60 ta un mbentuk perdamaian antarané Han karo Xiongnu.[1][4][5][6] Pamaréntah Cina saiki nggunakaké Wang Zhaojun minangkaa simbol nyawijining ètnis Han karo ètnis minoritas liyané.[1][4][5][6]
Cathetan suku
[besut | besut sumber]- ↑ a b c (ing basa Cina) Guo, Man (郭漫). (2006). Five Thousand Years of Chinese History (中华上下五午前年). Beijing: Hang Kong Gong Ye Chu Ban She (航空工业出版社)
- ↑ (ing basa Cina) Tang, Qi (唐麒). (2004). Zhongguo Lishi Gushi Zhongji Vol. 1 (中国历史故事中集 卷1). Changchun: Shi Dai Wen Yi Chu Ban She (时代文艺出版社)
- ↑ a b c d e f g h i j Four Beauties of China Archived 2010-04-19 at the Wayback Machine., China Tour Guide. Diundhuh tanggal 19 April 2010.
- ↑ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u (ing basa Cina) Ren, Haozhi (任浩之). (2003). Zhongguo Tong Shi - Pérangan Pertama Hal.284-287(中国通史-上 第284-287页). Beijing: Beijing Publishing House (北京出版社)
- ↑ a b c d e f g h i (ing basa Cina) Tim Sajarah Cina (中国厉学会). (2005). History of China Vol.2 Hal. 22-23 (中国通史 第二册 第2-23页). Haiyan: Haiyan Chu Ban She (海燕出版社)
- ↑ a b c d e f g h Lim, SK. (2009). Wanita-wanita Kamaharajan China Hal.150. Jakarta: PT Elex Media Komputindo