Lawa
Lawa Kalamangsa: Paleosen Akhir-Saiki | |
---|---|
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Animalia |
Filum: | Chordata |
Klas: | Mammalia |
Infraklas: | Eutheria |
Superordho: | Laurasiatheria |
Ordho: | Chiroptera Blumenbach, 1779 |
Subordo | |
Lawa iku mamalia sing bisa mabur, kalebu ordo Chiroptera kanthi loro sikil ngarep tuwuh dadi sewiwi. Lawa lumrahé urip lan némplék ing panggonan-panggonan kang sepi kaya ta gowa, omah kosong.[1] Saliyané iku, lawa uga urip nggantung ing wit-witan.[1] Contoné wit klapa, klapa uga bisa dadi omahé lawa.[1] Lawa lumrahé nyerang wit klapa.[1] Lawa uga bisa nggawé wit klapa mati.[1] Ora mung klapa, lawa uga bisa némplék ing tuwuhan liyané kang duwé woh.[1] Tuwuhan kang kerep ditémpléki lawa ya iku pelem, jambu, rambutan, nangka.[1] Lawa duwé daya penciuman kang apik, saéngga lawa bisa ngerti woh-wohan kang wis mateng wit.[1] Lawa lumrahé mangan woh-wohan kang mateng wit ing wayah bengi.[1]
Dasanama
[besut | besut sumber]Lawa duwé akèh jeneng. Wong-wong ing Indonésia pérangan Timur ngarani papunika, punika utawa lawa.[2] Wong Sunda ngarani lalay, kalong, kamprèt.[3] Wong Jawa Tengah ngarani lowo, codhot, kamprét. Suku Dayak ngarani lawa kanthi jeneng hawa, prok, cecadu, kusing utawa tayo.[3] Nanging ana uga kang mbedakaké lawa, codot lan kalong.[3]
Lawa kalebu kéwan kang senengané nggrogoti woh-wohan kang wis mateng. Lawa lumrahé metu yèn wayah bengi.[3]
Daging
[besut | besut sumber]Lawa uga kena diolah dadi menu masakan.[3] Codhot utawa lawa goréng uga duwé khasiat kang nambani lelara.[3] Daging lawa bisa dadi tamba lelara asma, gatel-gatel utawa alérgi ing kulit, saliyané iku daging lawa uga bisa kanggo tamba lelara asma.[3] Saiki wis akèh warung-warung dodolan daging lawa.[3] Sadurungé dimasak, daging codhot utawa lawa kudu dipisahké antarané awak lan elar.[3] Kanggo ngilangna wulu-wulu kang alus ing awaké lawa daging iku kudu dibakar. Daging lawa dibakar nganggo areng.[3] Sawisé iku daging lawa banjur dikumbah lan digodhog kurang luwih 30 menit nagnggo areng, banjur daging digoréng.[3] Nanging sadurungé digoréng, daging lawa dibumboni nganggo tumbar, mrica, bawang lan uyah. Sawisé iku daging codhot banjur digoréng saéngga bumbune bisa mresep ing daging lan balungé.[3]
Daging lawa duwé senyawa kitotefin kang bisa nyetabilaké membran sèl mastosit.[3] Lelara asma kang disebabaké alergi uga bisa ditambani nganggo senyawa kitotefin.[3] Daging lawa ngrangsang anané antibodi ing awak.[3] Nalika ntibodi iku némplék ing sél matosit bisa njalari membran dadi pecah.[3] Membran kang pecah bisa mbentuk otot-otot polos saluran nafas saéngga bisa kontraksi.[3]
Kang kudu digatékaké ya iku carané ngolah daging sadurungé dipangan.[3] Yèn ngolahé salah bisa ngrusak kotitefin kang ana ing daging.[3] Carané ngolah ya iku aja kepanasen yèn masak daging lawa.[3] Suhu kang kanggo masak aja nganti punjul 150 drajat Celcius.[3]
Pupuk
[besut | besut sumber]Tai lawa bisa dadi pupuk organik kanggo tuwuhan.[4] Pupuk organik iki diprodhuksi indhustri Kalurahan Jurumudi Baru, Kacamatan Benda, Kota Tangerang.[4] Pupuk organik saka kotoran lawa iki akèh diminati masarakat Éropah awit pupuk iki pupuk organik murni kang ora ana bahan kimiané.[4] Pupuk saka kotoran lawa iki cocog kanggo pupuk tuwuhan sayur-sayuran, umbi, rempah-rempah, kebun lan tuwuhan hias.[4] Ing Éropah pupuk iki kangggo nyuburaké tuwuhan ing kebon.[4] Pupuk saka kotoran lawa uga bisa ngrangsang metuné kembang ing tuwuhan.[5]
Klasifikasi
[besut | besut sumber]- Pteropodidae (codhot)
- Emballonuridae (Lawa buntut-trubus)
- Megadermatidae (Vampir palsu)
- Nycteridae (Lawa rai-cekung)
- Rhinolophidae (Lawa-ladam)
- Hipposideridae (Barong)
- Vespertilionidae (Lawa biyasa)
- Molossidae (Lawa lambé-kriput)
Uga delengen
[besut | besut sumber]Cathetan suku
[besut | besut sumber]- ↑ a b c d e f g h i news.okezone.com(dipunundhuh tanggal 25 Mèi 2011)
- ↑ nusantaraku.org[pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 26 Mèi 2011)
- ↑ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u us.surabaya.detik.com[pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 26 Mèi 2011)
- ↑ a b c d e tangerangkota.go.id Archived 2012-01-18 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 26 Mèi 2011)
- ↑ cybertokoh.com [pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 26 Mèi 2011)
Pranala njaba
[besut | besut sumber]Wikimedia Commons duwé médhia ngenani Chiroptera. |